Lirik Lagu Ngayogjakarta - Genk Kobra

Lirik lagu Ngayogjakarta dari Genk Kobra.

Bola.com, Jakarta - Berikut lirik lagu Ngayogjakarta dari Genk Kobra, yang pernah trending beberapa tahun lalu:

 

Witing klapa jawata ing ngarcapada

Salugune niki Geng Kobra

Pancen nyata...

Kulo saking Surakarta njajah nagri Ngayogjakarta

 

Ngayogjakarta, kuthane aman, berhati nyaman

Kota seniman, kota pelajar, lan kabudayan

 

Malioboro trus ngidul kuwi Kraton Yogja

Kantor Pos gedhe ngarepe Senisono

Ning dhek mbiyen saiki wis ora ana

Beteng Vredeburg biyen panggonane Landa

 

Golek gudheg ning Mijilan mesthi ana

Ndelok munyuk lan gajah ning Gembira Koka

Arep santai ning laut bablas kidul kana

Parangtritis, Parangndhog, Parangkusuma

 

Mbantul Prajatamansari, ben ra ucul yo digondheli

Sleman Sembada, eman-eman marai gela

 

Tuku manuk ning ngasem sor pulau cemeti

Kaliurang, nggon adhem ning lereng merapi

Cemilane jadah, tempe bacem, ngangeni

Goa Selarong ngelingake perang jaman kumpeni

 

Gadjah Mada, IAIN, Kalijaga, UII

Panggonane wong pinter sing pada setudi

Stasiun Tugu, Lempuyangan, nggon kreta api

Numpak sepur saka kana tekan ngendi-endi

 

Gunungkidul Handayani, bacut ucul angel nggoleki

Kulon Progo Binangun, karo kanca mbok ya sing rukun

 

Ngayogjakarta, kuthone aman, berhati nyaman

Kota seniman, kota pelajar, lan kabudayan

 

Borobudur, Prambanan, kuwi candhi gedhe

Taman Sari, pemandian, ning kari bekase

Tari Srimpi lan Gambyong sakgamelane

Yen ditonton mesti wae yo nyenengake

 

Daerah Yogja ono papat kabupatene

Gunungkidul, Sleman, Bantul, Kulon Progo batese

Dalad, sangi, lan nyothe kuwi basa premane

Yen tak pikir aku mesthi kekelen dhewe

 

Sanga papat punjul enem

Menawi lepat nyuwun ngapunten

Sanga papat punjul enem

Kulo niki lulusan Pakem

 

Sikil gudhig aja dikukur lan dithithil

Tangan reget aja nggo uthik-uthik upil

Sirah mumet lan ngelu padha ngombea pil

Dadi uwong sing pinter aja dadi pokil

 

Susruk wajan nggo nggoreng krupuk kuwi sothil

Mbok ya anteng tangane, aja padha nggrathil

Benik ucul dondomi ben ora prithil

 

Dadi uwong sing sugih aja dadi uthil

Sikil gudhig aja dikukur lan dithithil

Tangan reget aja nggo uthik-uthik upil

Sirah mumet lan ngelu padha ngombea pil

 

Dadi uwong sing pinter aja dadi pokil

Susruk wajan nggo nggoreng krupuk kuwi sothil

Mbok ya anteng tangane, aja padha nggrathil

Benik ucul dondomi ben ora prithil

Dadi uwong sing sugih aja dadi uthi

Video Populer

Foto Populer