Sukses


5 Contoh Cerita Lucu Bahasa Jawa yang Bisa Bikin Ngakak

Bola.com, Jakarta - Cerita lucu bahasa Jawa adalah cerita humor yang menggunakan bahasa Jawa sebagai medianya. 

Cerita lucu bahasa Jawa sering kali disampaikan secara lisan dalam bentuk guyonan atau gurauan antara orang-orang Jawa.

Cerita tersebut juga dapat ditemukan dalam buku-buku komedi berbahasa Jawa, majalah, atau media online yang membahas tentang humor dalam bahasa Jawa.

Dalam bentuk tulisan, cerita lucu bahasa Jawa mengandalkan penggunaan kata-kata khas Jawa, ungkapan, atau permainan kata yang membuat cerita tersebut menjadi lucu dan mengundang tawa.

Cerita lucu bahasa Jawa dapat menggambarkan kehidupan sehari-hari, tradisi, atau karakteristik orang Jawa sehingga ceritanya menjadi lebih dekat dan akrab dengan pendengar atau pembaca yang mengenal budaya Jawa.

Buat kamu yang tertarik, berikut lima contoh cerita lucu bahasa Jawa yang bisa membuatmu ngakak, dikutip dari laman Posbagus dan Ketawa, Senin (22/1/2024).

2 dari 6 halaman

Ayam dan Majikan

Omahe Mbak Putri bar ono arisan gede. Bar arisan, Mbak Putri ngresiki omahe seko sisa-sisa makanan tamu sing ora dientekke. Salah sijine yaiku lumpia, sing wes sisa lan rodo lawas. Mbak Putri nyeletuk wah lumpiane iki akeh sisane, apike pakakne pitik wae. Ndilalah pitike Mbak Putri krungu trus rasan-rasan ro pitik liyane.

Pitik blorok: Mesti lumpia mambu kae engko dipapakne aku.

Pitik putih: lha emang kenopo? biasane yo ngono to.

Pitik blorok: Awak dewe ket mbiyen mung dipakani panganan mambu wae. Mbok yo dipakani panganan sing apik raisoh po.

Pitik putih: Hoo yo Blo, awak dewe mung diwenehi turahan terus. Opo engko etok-etok ra doyan mangan wae po?

Pitik blorok: Iyo ayo Put, engko pas diwenehi lumpia rasah dipangan. Dieker-eker wae.

Bar wis rampung resik-resik omah, Mbak Putri njupuk lumpia sak gegem njut diuncalke nang pitik loro mau. Bukane dipangan, lumpia mau malah dieker-eker tekan endi-endi karo pitike.

Mbak Putri bingung kok pitike ora gelem mangan. Wonge eling due sego mambu nang pawon. Dijupuk ro Mbak Putri lan diwenehke pitike. Pitik loro kui tetep ora gelem mangan malah eker-eker sego lan nendang-nendang tremplong. Ganti diwenehi roti tawar tetep ora doyan.

Ida: Kayane pitikmu kui keno penyakit tetelo, Mbak. Lagi musim lho.

Mbak Putri: Wo ngono to? Lha trus le ngobati pie?

Ida: Dibeleh wae mbak, mengko malah nulari kancane liane.

Pitik blorok kaget banget krungu rasan-rasan arep dibeleh. Pitik blorok tambah kaget meneh iruh pitik putih wes notoli arem-arem.

Pitik blorok: Koe ki pie to Put, awak dewe ki wes nolak mangan sego mambu kok malah mangan lepehan arem-arem. Opo malah ra luwih njijiki.

Pitik putih: Timbangane dibeleh, aku wegah dibeleh ben koe wae sik ra doyan mangan le dibeleh.

Pitik blorok: Enak wae, aku yo wegah dibeleh (ngomong ro melu notoli lepehan arem-arem ro merem jijik)

Mbak Putri lan Ida nggumun ngewaske pitik loro kui mangan lepehan arem-arem. Mau diwenehi lumpia, sego mambu, roti tawar ora gelem. Saiki malah do rebutan lepehan arem-arem.

- Cerita ini menceritakan tentang dua ekor ayam yang mogok makan karena selalu diberikan makanan sisa atau makanan basi oleh majikannya. Mereka menolak setiap pemberian makanan dari majikannya.

Kemudian majikan dan temannya mengira ayam tersebut terkena penyakit tetelo dan berinisiatif untuk menyembelihnya.

Dua ayam tersebut kaget dan kemudian memakan sisa arem-arem yang ada karena takut disembelih. Majikan dan temannya terheran-heran melihat dua ayam itu memakan sisa arem-arem.

3 dari 6 halaman

Guru dan Murid

Isuk iku pelajaran bahasa Inggris. Putro koyo biasane manggon mburi karo ngemuti pensil. Bu guru nunjuk Putro kon jawab pertanyaane.

Bu guru: Putro cobo jawab boso inggrise pintu opo?

Putro: Door, Bu

Bu guru: Nek boso inggrise mbuka pintu?

Putro: Open the door, Bu

Bu guru: Terakhir boso inggrise pintu ra dibukakke opo, Put?

Putro : Gedoor-gedoor Bu

Koncone Putro do ngguyu mergo Putro jawab koyo ngono pas ditakoni bu guru.

- Cerita ini menceritakan tentang seorang anak bernama Putro yang diberikan pertanyaan oleh gurunya dan dijawab dengan jawaban yang membuat teman-temannya tertawa.

Bahasa Inggris pintu = door, bahasa Inggris buka pintu = open the door, bahasa Inggris tidak dibukakan pintu = gedoor-gedoor.

4 dari 6 halaman

Salah Persepsi

Petruk entuk bonus akeh soko bos e. Duite terus digunakne nggo liburan ning Bandung. Pas transit ning Terminal Sumedang, Petruk ganti bis anyar. Pas wes mlebu bis anyar Petruk langsung lungguh.

Terus ana wong lanang mlebu trus bengok-bengok, "Nangkana, nangkana, nangkana". Petruk ngirone wong iki kondektur bus e. Dheweke trus pindah panggonan mergo dikon karo wong lanang mau.

"Nangkana, nangkana, nangkana," bengok wong anyar mau.

Petruk sing bingung ngirone panggonane wes dipesen uwong. Akhire dheweke pindah panggonan ning mburi dhewe.

"Nangkana, nangkana, nangkana," omong e wong lanang iku maneh. Petruk sing mangkel trus takon karo bapake iku.

"Pak, aku iki wes pindah-pindah nggon isih mbok kon pindah ae. Jane bis e iki wes kebak opo piye?" takon Petruk.

"Lho, Mas. Ngomong apa ya? Mau nangka?" jawabe wong lanang kuwi karo nyodorke bungkusan plastik bening isi buah nangka.

"Nggak, Pak. Terima kasih. Saya yang salah," jawab Petruk karo ngempet isin.

Petruk berpikir bahwa 'nangkana' yang diucapkan penjual berarti 'di sana' dalam bahasa Jawa. Padahal, kalau dalam bahasa Sunda, si penjual itu sedang menawarkan dagangan buah nangkanya. Ada-ada saja.

5 dari 6 halaman

Sabet Manuke

Ono bule numpak andhong nang Yogya barengan karo wong Jowo sing dadi guide. Pas neng dalan, ndilalah jarane mogok lan ndeprok.

Guide sing wis pengalaman numpak andhong mbengok ngabani kusir: "Pak! sabet manuke... sabet manuke..."

Kusire trus nyabet manuke jaran, langsung jaran ngadeg lan mlayu meneh. Liyo dino si bule numpak meneh mung bedo andhonge, dhewean ra nganggo guide. Ndilalah nang tengah dalan jarane mogok lan ndeprok meneh.

Si bule keminter, sok tahu, bengok bengok ngabani kusir: "Pak! sabet manuke! sabet manuke!"

Kusire mung meneng wae. Si bule tambah bengok-bengok : "Sabet manuke! sabet manuke!"

Kusir andhong nesu: "Sabet manuke, sabet manuke... Sabet MANUKMU DHEWE KUWI... Jaranku ki jaran wedok, ndhul!!!!"

6 dari 6 halaman

Layang Kanggo Bejo

Mbah Sastro nulis layang kanggo anake, Bejo, sing lagi ditahan merga dikira teroris, isi layange:

"Jo, bapak wis tuwa tur ringkih, isih ngono sedih mikirne awakmu.. Saiki wis mangsa tandur telo, le. Kowe apa isih suwe ditahan? Njur iki sapa sing arep ngrewangi bapak macul?"

Kacek seminggu Bejo mbales layange bapakne, anggone ngirim layang dititipake sipir penjara,

"Pak, aku njaluk tulung tenan yo, kebon'e aja dipaculi dhisik, soale aku mendhem bedhil karo granat ning kebon kono kuwi, Pak. Tenan ya pak, aja dipaculi disik.."

Ora ngertiya, layang saka Bejo mau disensor dhisik karo petugas penjara.

Seminggu bar kuwi mbah Sastro kirim layang maneh: "Jo, sak bar-e aku nampa layangmu, sak peleton Densus anti teror maculi kebon-e bapak.. Jarene nggoleki bedhil karo granat sing mbok pendhem. Nyatane ora ana.. Trus aku kudu piye iki, Jo?".

Bejo genti bales kirim layang maneh: "Pak, saiki langsung ditanduri telo ae Pak.. Kan wis dipaculke karo bapak-bapak Densus. Aja lali ngaturke matur nuwun marang bapak-bapak Densus ya Pak, muga-muga entuk piwales saka Gusti Allah..."

 

Sumber: Posbagus, Ketawa

Dapatkan artikel contoh berbagai tema lain dengan mengeklik tautan ini.

Video Populer

Foto Populer