Sukses


Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Berbagai Tema yang Menarik untuk Disampaikan

Bola.com, Jakarta - Berdasarkan Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) daring, pidato adalah pengungkapan dalam bentuk kata-kata yang ditujukan kepada orang banyak; wacana yang disiapkan untuk diucapkan di depan khalayak.

Adapun definisi lain dari pidato yakni bentuk komunikasi satu arah untuk menggungkapkan suatu gagasan pokok mengenai beberapa hal kepada khalayak ramai.

Orang yang berpidato disebut orator. Di sisi lain, sebuah pidato bisa dikatakan baik bila mampu memberikan pesan-pesan yang positif dan inspiratif kepada khalayak ramai.

Umumnya pidato disampaikan menggunakan bahasa Indonesia, tetapi ada beberapa kondisi yang mengharuskan menggunakan bahasa daerah seperti bahasa Jawa.

Menyampaikan pidato bahasa Jawa barang kali menjadi hal yang sulit bagi sebagian orang, apalagi jika bahasa sehari-hari yang digunakan bukanlah bahasa daerah.

Bagi yang ingin menyusun teks pidato menggunakan bahasa Jawa, bisa mencermati contoh-contohnya pada artikel ini.

Berikut ini empat contoh teks pidato bahasa Jawa berbagai tema yang menarik disampaikan, dikutip dari laman Made-blog dan Ndrangsan, Selasa (24/1/2023).

2 dari 5 halaman

Pendidikan

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah Swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten Pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggal kaping kalih saking wulan Mei taun 2017.

Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun.

Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane Nabi saw. ing dalem hadis riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun:

Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.

Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah Swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

3 dari 5 halaman

Kesehatan

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.

Bapak, Ibu guru ingkang satuhu luhuring budi.

Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.

Selawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir, kanthi ucapan "Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina Muhammad".

Kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. Njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.

Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman.

Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.

Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

4 dari 5 halaman

Kemerdekaan Hak Segala Bangsa

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan karyawan SMA Negeri 31 Madiun ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur.

Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah Swt. dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.

Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal 17 Agustus 1945.

Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.

Awit saking menika kula panjenengan sami kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat. Raos syukur menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka warni, ugi kerja bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih. Lomba ingkang dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha krupuk saha sanes-sanesipun.

Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan kita menika. Pramila saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah Swt. supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang langkung sae.

Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.

Wassalammuallaikum Wr. Wb.

5 dari 5 halaman

Lingkungan

Assalammu'alaikum Wr. Wb.

Para Bapak, para Ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan rencang-rencang ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngujukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah, saengga kita saged makempal ing mriki. Ing dinten punika kawula badhe ngaturaken sesorah babagan, "Njagi Lingkungan Sekolah".

Rencang-rencang, mengertoso yen lingkungan punika papan gesang kagem sedaya titah gesang. Mila saking punika, kita kedhah njagi lestari lingkungan kita supados kita saged gesang kanthi tentrem.

Salah satunggalipun cara njagi lestari lingkungan inggih punika karesikan, njagi karesikan lingkungan saged diwiwiti saking perkawis-perkawis ingkang alit. ananging katinggal awrat sanget dipun lampahi.

Umpaminipun mbucal runtah ing panggenanipun. Sak punika kesadaran kagem njagi karesikan ing lingkungan kita minangka murid taksih kirang sanget.

Dipun tingali saking lingkungan sekolah kita ingkang taksih wonten runtah-runtah ingkang sumebar, duka punika runtah plastik daharan lan plastik unjukan utawi kertas.

Kamangka panggenan runtah ingkang dipun cawisaken sekolah sampun nyekapi. Ing saben-saben pojok sekolah wonten panggenan runtah. Nanging mboten wonten panggenanipun saking kita kangge mbucal runtah wonten panggenanipun minangka wujud njagi karesikan lingkungan sekolah kita.

Kejawi mbucal runtah ing panggenanipun, kita ugi saged nglampahi piket kelas minangka lelaku njagi kareksikan. Mekaten sesorah ingkang saged kawula aturaken.

Nyuwun pangapunten menawi wonten klenta-klentu nipun atur kawula. Saking kawigatosanipun kawula ngaturaken matur sembah nuwun.

Wassalammu'alaikum Wr. Wb.

 

Sumber: Made-blog, Ndrangsan

Dapatkan artikel contoh berbagai tema lain dengan mengeklik tautan ini.

Video Populer

Foto Populer