Sukses


5 Contoh Puisi tentang Cinta Bahasa Jawa, Dijamin Bikin Hati Pasangan Luluh

Bola.com, Jakarta - Ada banyak cara yang bisa dilakukan untuk mengungkapkan perasaan cinta kepada pasangan. Satu di antaranya kamu dapat mempersembahkan puisi cinta.

Melalui puisi cinta, diharapkan mampu meluluhkan hati pasangan sehingga membuatnya merasa sangat dicintai dan dihargai oleh pasangannya.

Puisi cinta dapat disusun dalam berbagai bahasa, termasuk bahasa Jawa. Akan tetapi, tidak sedikit orang yang mengalami kesulitan membuat puisi cinta, terlebih dalam bahasa Jawa. 

Bagi kamu yang memiliki permasalahan tersebut, jangan khawatir. Kamu bisa mencermati rekomendasi contoh puisi cinta bahasa Jawa, di bawah ini.

Berikut ini lima contoh puisi tentang cinta bahasa Jawa, yang bisa disampaikan ke pasangan, dikutip dari laman Geguritantgr dan Padukata, Rabu (8/2/2023).

2 dari 6 halaman

Aku Duwekmu Wingi Iki

Lumakuku kaya ngawang

Ngawang-ngawang nggayuh lintang

Mecaki dalan kasusahan

Apa sejatine ?

 

Kang ngganjeln ing njero manahmu ?

Tegese luh kang tumetes ing pipimu

Nglebur nyawiji ing swasana

Kang sejatine durung bisa ngawe aku lan sliramu

Mesem bebarengan

 

Crita marang aku

Senajan ora mesti bisa mungkasi

Lilakna aku andu dunyomu

Kang kebak dening kaendahan

 

Sing durung kasunyatan

Aku duwekmu wengi iki

Iki ragaku

Iki sukmamu

Aku lila disiksa

Nganti ora ana sisa

3 dari 6 halaman

Gedhe Rasa Tresna

Pangangen ati bakal tak turuti

Sepiro adohe bakal tak parani

Sepiro angele bakal tak goleki

Amargo gedene roso tresno iki

 

Iki pangucap seko jerone ati

Dadi janji suci dudu janji lathi

Aku ora bakal ngapusi

Entenono tekone awak ku iki

 

Tresno ku marang slira mu

Tresno nyoto dudu tresno reko-reko

Tresno tuwuh seko jerone dodo

Tak suwun bukaken ati mu

 

Gede roso pangarep ku

Biso nyanding slira mu

Urip bebarengan selawase

Mung pati sing biso misahake

4 dari 6 halaman

Tresna iku Dudu Mung Babagan Seneng

Wanci ora tau njangkah mundur

Sing tak karepke mung wektu kang bisa diulur

Nanging tresna iku keabaden sing ora yekti

Perjuangan sing ora kenal menang

Uga rasa sing ora bisa disuguhake

 

Sanadyan wis kawit awal ditemtokake

Manungsa bisa nglarani wong sing ditresnani

Krasane uga lara saktemene

 

Lan saiki…

Aku wis mangerteni tenan

Yen sawijining carita ora aweh mung isine babagan seneng

Amarga kanggo opo manungsa dilairke menyang bumi

Yen mung kanggo seneng seneng

5 dari 6 halaman

Ngreksa Rasa, Ngreksa Tresna

Rong puluh tahun wes lumaku

Tansah ndak simpen rapet jroning kalbuku

Ora isa luntur denig lumakuning wektu

Amarga iku tulisan-tulisan Gusti kang kudu dilakoni

 

Ora isa ilang esem manismu

Ora bakal musna sorot netramu

Pra dak selaki aku nate nyimpen rasa

 

Kang nate nancep mring kalbuku

Endahing crita kawuri tansah dados memori

Rina trus lumaku nyedekke ratri

Baskara meh angslup gumanti candra

6 dari 6 halaman

Tandha Katresnanku

Wiwit kok tulisake tresna iku

Manuk-manuk kepodah padha geguyonan

Ing pang-pang godhonge waru

Ijo enom lelagone langit biru

 

Srengenge isuk kang mlethek ing ati sumunar

Martakake dino bakal ora kemendungan

Wiwit kok kandakkake tresna iku

Liwat kali ndak kinthirake perau godhong pring

 

Amrih bisa lelayaran aneng segaranining atimu

Ape playon langit ing pucuking alun

Banjur tak tunggu tekane ngawa warta

Wiwit kok kidhungake tresna iku

 

Apa aku kudu lumaku sakdhuwure angin lan segoro

Njupuk kembang srengenge kang mletek

Banjur ndak slempitake ing kupingmu

Kareben nambahi brantaning ati

 

Sanjerone ati iki, yayi…

Ana panandhang, sekirane mung kowe kang bisa mangerteni

Liwat getering angin kang sumilir

Sadawaning laku lan sepi tak critakake

Yen to….semengko bakal nyawiji

 

Sumber: Geguritantgr, Padukata

Dapatkan artikel contoh berbagai tema lain dengan mengeklik tautan ini.

Video Populer

Foto Populer