Sukses


Contoh Pawarta Bahasa Jawa dan Unsur 5W+1H Berbagai Topik

Bola.com, Jakarta - Mungkin, kamu pernah mengonsumsi jenis teks berita pawarta, baik dari surat kabar, radio, televisi, internet, dan sebagainya. Lantas, apa itu pawarta?

Pawarta bisa dikatakan sebuah berita atau laporan tercepat yang disajikan dalam bahasa Jawa.

Sama dengan teks berita pada umumnya, pawarta juga memiliki tujuan untuk memberikan suatu informasi yang sedang terjadi dan terbaru, nyata, aktual, serta tidak dibuat-buat kepada khalayak ramai.

Adapun waktu terbitnya pawarta terbagi menjadi dua macam, yaitu ariwarti dan kalawarti. Ariwarti adalah berita dalam surat kabar yang terbit setiap hari, sedangkan kalawarti adalah surat kabar yang tidak diterbitkan setiap hari.

Dalam proses pembuatan atau produksi sebuah pawarta tidak boleh sembarangan. Ada beberapa aturan yang harus dicakup dalam sebuah pawarta, terutama unsur 5W + 1H.

Nah, bagi para siswa yang sedang mencari contoh pawarta bahasa Jawa bisa menyimak artikel ini.

Berikut ini contoh pawarta bahasa Jawa, yang bisa dijadikan referensi untuk tugas sekolah, dikutip dari laman Mybahasajw dan Bahasajawawarisanleluhur, Selasa (20/6/2023).

2 dari 4 halaman

Ndungkap Mudhik Lebaran, Petugas Masang Rambu Tambahan

Rambu lalu lintas tambahan dipunpasang petugas Dinas Perhubungan kaliyan Satlantas Polres Karanganyar ing sauruting margi Solo-Surabaya Kilometer sewelas-kalih welas, peneripun ing Desa Nglarangan, Kecamatan Kebakkramat ingkang nembe dipunwiyaraken.

Rambu tambahan dipunpasang kanthi ancas supados warga mboten bingung amargi ing saperangan margi namung kangge setunggal jalur. Kanthi rambu tambahan menika kaangkah saged ngawekani macet kendharaan ndungkap tumapaking mudik lebaran ingkang namung kantun etungan dinten malih.

Kajawi masang rambu enggal ing dasan papan, petugas ugi nggantos dasan rambu ingkang sampun lami utawi risak. Margi Solo-Surabaya ing Kecamatan Kebakkramat menika pancen dados kawigatosanipun petugas amargi gunggung kendharaan ingkang miyos kathah satemah asring kedadosan kacilakan.

Satlantas Polres Karanganyar saha Dinas Perhubungan aprajanji badhe nambah petugas ing papan menika, mliginipun ngancik wekdal mudhik lebaran.

3 dari 4 halaman

Gaman lan Ganja Dipuntemoaken Wonten Universitas Negeri Makassar

Puluhan petugas gabungan nemoaken gaman 5 kilogram ganja garing, ugi omben-omben ingkang ngandhet alkohol. Nalika dinten Jum’at, 12 Oktober 2012 Kampus UNM ingkang wonten dalan Parang Tambung, Sulawesi Selatan dipun periksa. Polisi kagungan pemanggih bilih mahasiswa ingkang sami tawuran punika amargi pengaruh narkotika ugi alkohol.

“Kedadosan-kedadosan ingkang sampun kalampahan kados kados mboten wonten tuntasipun. Amarga wonten pemanggih gaman punika wonten ing kampus  UNM kemawon.” Ngendikanipun Kepala Kepolisian Resor Kota Besar Makassar Komisaris Besar Polisi Erwin Triwantoro. Ganja ugi timbangan ditemoaken wonten lantai kalih Fakultas Seni. Polisi ingkang nitipriksa dumugi kos-kosan mahasiswa caket kampus ugi nemoaken gaman ingkang dipun simpen wonten kamar.        

Pengelola kampus nyumeneaken sedaya mahasiswa laminipun tigang dinten amargi kwatos wonten bentrok susulan. Pembantu Rektor III UNM Sofyan Jalal ngendika badhe nindhak tegas.”Sedaya kriminalitas ingkang wonten nglebet kampus punika kedah dipun tangani kepolisian, ugi pikantuk sanksi akademik ingkang badhe nyusul menawi sampun wonten tersangka,”ngendikanipun Sofyan.

4 dari 4 halaman

Banjir

Koordinator Tim Reaksi Cepat (TRC) Badan Penanggulanangan Bencana Daerah (BPBD) Pidie, Effendi ngarani masyarakat saiki ing jero kaanan cukup panik. "Masyarakat terus nelpon pihak BPBD. Nanging penanggulangane tetap kanthi darurat lan siji poro siji." gamblang Effendi marang wartawan dina Minggu (29/11/2015) bengi.

Sementara kuwi, informasi katampa, sekitar gebug 21.05 WIB, banjir uga ngamba neng sacacah desa wilayah Kecamatan Mutiara wetan ngusul luapan kali Tiro. Abu sabar (40) sawong warga Beureuenun marang wartawan, Minggu (29/11/2015) ngomongke, masyarakat cukup panik lan keweden, kedhuwuran banyu neng awak dalan dumugi 30 cm.

Miturut Abu sabar, sakanggonan gedhe warga sing omahe ana ing pinggir daerah aliran kali (DAS) Tiro wis mengungsi menyang kutha Mini (Beureuenun). "Kita keweden banget, ruas dalan klelep banyu kali menyang daratan," tembung Abu sabar.

 

Sumber: Mybahasajw, Bahasajawawarisanleluhur

Dapatkan artikel contoh berbagai tema lain dengan mengeklik tautan ini.

Video Populer

Foto Populer