Sukses


5 Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kebersihan

Bola.com, Jakarta - Apakah kamu pernah mendengar pidato yang disampaikan menggunakan bahasa daerah seperti bahasa Jawa pada acara-acara tertentu?

Yap, umumnya pidato disampaikan menggunakan bahasa Indonesia, tetapi ada beberapa kondisi yang mengharuskan menggunakan bahasa Jawa.

Penyampaian pidato menggunakan bahasa Jawa bertujuan agar isi pidato yang disampaikan mudah dipahami oleh pendengar suatu daerah tertentu. Sebab, pidato berisikan pesan-pesan yang positif dan inspiratif kepada audiens.

Namun, menyampaikan pidato menggunakan bahasa Jawa tentu menjadi hal yang sulit bagi sebagian orang. Lebih-lebih lagi jika bahasa sehari-hari yang kamu gunakan bukanlah bahasa Jawa, apalagi topik yang diangkat tentang kebersihan.

Bagi kamu yang memiliki keinginan untuk melakukan pidato berbahasa Jawa tentang kebersihan, bisa mencermati contoh-contohnya pada artikel ini.

Berikut lima contoh pidato bahasa Jawa tentang kebersihan yang bisa dijadikan referensi dan menarik disampaikan, dikutip dari laman Saintif dan Kumpulan-makalah-dan-artikel, Senin (18/9/2023).

2 dari 6 halaman

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kebersihan 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatu.

Dumateng bapak kepala sekolah,

Dumateng bapak kaliyan ibu guru,

Dhumateng sedaya kanca ingkang kula tresnani,

Hadirin ingkang kulo tresnani lan kula hurmati,

Monggo kita bebarengan majukaken puja lan puji syukur dumateng gusti allah Swt. amargi sampun pinaringan berkah lan karunia dumateng kita sedaya Saengga kita sedaya pinaringan makempal kanthi sehat lan afiat.

Hadirin ingkang kulo hormati,

Kaping sepindhah kita sedaya perlu bahan utawi panggenan. Amargi lingkungan utawi panggenan menika papan kangge nggantungaken urip umat manungsa sedaya. Amargi menika kita sedaya kedah njaga lingkungan sae-sae supados bumi keuntungan kagem kita sedaya.

Hadirin ingkang kula hormati,

Babakan kebersihan lingkungan yoiku salah sepindah cara kang apik kanthi kito sedoyo nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai rikala musim udan.

Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, umpami wonten klenta klentunipun kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh.

3 dari 6 halaman

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kebersihan 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan,

Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi,

Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani,

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.

Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. ingkang kita tengga-tengga syafa'atipun benjang ing dinten akhir. Kanthi ucapan Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina muhammad,

Kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. Karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya.

Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. Njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.

Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman.

Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.

Cekap semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

4 dari 6 halaman

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kebersihan 3

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Salam kabecikan tumrap kita sedaya,

Para rawuh ingkang kinurmat,

Ingkang kapisan, sumangga sesarengan kita konjukaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Kuwaos, amargi namung saking kanugrahan saking Panjenengan nipun kita sedaya saged kempal ing papan punika tanpa wonten kekirangan setunggal punapa.

Salajengipun, kula aturaken matur nuwun dhumateng Bapak kades ingkang kersa rawuh dhateng adicara punika.

Para rawuh ingkang kinurmat.

Menawi kita wawas sesarengan, kita asring manggihi tumpukan larahan ing pundi-pundi. Menawi larahan menika boten dipunproses kanthi leres tembe wingkinge saged dados sumber perkawis ingkang mutawatiri.

Tuladhanipun dumadose banjir lan sumber dumadose penyakit ingkang mbebayani kados demam berdarah, muntaber, lan sak panunggalanipun.

Sejatosipun wonten maneka cara kagem ngawekani perkawis ingkang disebabaken larahan punika. Salah satunggile inggih menika ngowahi larahan dados kompos.

Ngenani tata caranipun inggih punika.

  • Nyiapaken jogangan.
  • Milih larahan ingkang gampang bosok.
  • Salajenge larahan ingkang gampang bosok lajeng dipendhem.
  • Ditengga antawis 1-2 wulan ngantos larahan dados lemah.
  • Menawi sampun lemah, kompos sampun saged digunakaken.
  • Para rawuh ingkang kinurmat.

Cekap semanten atur kula. Menawi wonten kirang langkungipun, kula nyuwun agunge pangaksami.

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh.

5 dari 6 halaman

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kebersihan 4

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak Ibu Guru Ingkang kula kurmati,

Rencang-rencang ingkang kula tresnani, saderengipun kula matur sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha Asih ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kita sami.

Para rawuh ingkang minulya, ing mriki kula ingkang dados warga sekolah, badhe mbabar babagan lingkungan ingkang ijo. Ingkang dipunwastani "ijo" puniko mboten namung salah satunggaling warna, nanging wonten hubunganipun kaliyan seger, nyaman, lan lingkungan ingkang sehat.

Wonten pundhi-pundhi tukul wit-witan, woh-wohan, lan suket, tebih saking polusi. Wit ageng-ageng tinata rapi wonten tengen lan kiwa nipun sekolah.

Mboten wonten godong godong lan sampah pating semrawut wonten nglebet sekolah. Sinten ingkang badhe tanggung jawab njagi lingkungan sekolah dados resik, ijo lan sehat?

Jawaban Ipun inggih punika "Kitaa ... kitaaa ..." warga sekolah. Bilih kita purun disiplin, pramila kita saged mujudaken sekolah kita dados sekolah ijo, lingkunganipun aman, lan nyaman kangge sinau.

Lan dipunwiwiti saking sekolah menika, kebersihan, lingkungan sehat saged dipun mujudaken. Kulo pitados bilih para rawuh sarujuk kaliyan usulan kula ndadosaken sekolah SMA Negeri 3 Bangurejo ijo, lan resik.

Pramila sumangga kula ngajak rencang-rencang sedaya njagi sekolah kita, supados tetep resik, sehat, rapi, lan endah, nyaman kangge warga sekolah.

Mekaten ingkang saged kula aturaken bilih kathah klenta-klentunipun atur kula nyuwun agunging pangapunten. Wassalamualaikum Wr. Wb.

6 dari 6 halaman

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Kebersihan 5

Assalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh.

Ingkang kinurmat Bapak kepala desa, Bapak ketua RT, Bapak ketua RW dalah Bapak tuwin Ibu sedaya.

Sumangga kita konjukaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, awit namung saking kanugrahan saking Panjenengan-E kita saged kempal ing papan ngriki.

Njagi karesikan griya lan lingkungan mujudaken salah satunggal cara paling murah kagem njagi kesehatan.

Kanthi jinaganipun karesikan griya lan lingkungan bakal ndadosaken kaluwarga kita boten gampil sakit lan katebihaken saking sawernanipun masalah kesehatan ingkang asring dumadi ing mangsa rendheng.

Prelu dikawuningani, ing wanci rendheng menika kathah sanget penyakit ingkang saged mbebayani kesehatan. Mula saking niku njagi karesikan sageda tansah diutamakaken. Sampun ngantos kita lirwa dhateng njagi karesikan.

Jalaran menawi ngantos wonten kaluwarga ingkang gerah jalaran kirang njagi karesikan. Kita ugi bakal ngraosaken kapitunan.

Ing perangan sanes, kanthi njagi karesikan kita ugi bakal ngraosaken katentreman. Amargi swasana griya ingkang resik bakal ndadosaken manah kraos ayem.

Ngelingi piguna saking njagi karesikan ageng sanget. Sumangga kita tansah ngupayakaken kahanan griya tansah resik.

Para rawuh,

Kula kinten cekap semanten atur kula.

Walaikumsalam warrahmatullahi wabarakatuh.

 

Sumber: Saintif, Kumpulan-makalah-dan-artikel

Dapatkan artikel contoh berbagai tema lain dengan mengeklik tautan ini.

Video Populer

Foto Populer