Sukses


7 Contoh Pembukaan Pidato Bahasa Jawa yang Bisa Dijadikan Referensi

Bola.com, Jakarta - Pembukaan merupakan satu di antara bagian penting yang harus kamu persiapkan sebaik mungkin saat pidato. Hal ini agar menarik perhatian audiens sekaligus memberikan gambaran tentang isi pidato yang akan disampaikan.

Umumnya pembukaan pidato disampaikan menggunakan bahasa Indonesia, tetapi ada beberapa kondisi yang mengharuskan menggunakan bahasa daerah, misalnya bahasa Jawa.

Penyampaian pembukaan pidato bahasa Jawa bertujuan agar yang disampaikan mudah dipahami oleh pendengar suatu daerah tertentu.

Namun, untuk membuat pembukaan pidato bahasa Jawa bukanlah hal yang mudah. Diperlukan kelihaian serta pemilihan kata yang pas agar yang disampaikan kepada audiens enak didengar.

Bagi kamu yang bingung, bisa mencermati beberapa rekomendasi contoh pembukaan pidato bahasa Jawa pada artikel ini hingga selesai.

Berikut tujuh contoh pembukaan pidato bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi dan dikembangkan, dikutip dari laman artikel.rumah123 dan Kampoengilmu, Selasa (17/10/2023).

2 dari 4 halaman

Contoh Pembukaan Pidato Bahasa Jawa

Contoh Pembukaan Pidato Bahasa Jawa 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Dumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan

Poro bapak/ibu guru lan hadirin sedaya ingkang tansah kawula hormati, lan

Poro rencang-rencang ingkang kawula sayangi.

Sepindah, mangga kito sedaya tansah manjataken puji syukur dumateng ngersane Gusti Allah Kang Maha Pengasih.

Berkat rahmatipun, kawula lan panjenengan sedaya tasih pinaringan pinten-pinten rahmat, taufiq, hidayah, saha inayah, sehinggo saget rawuh wonten mriki kanthi sehat walafiat.

Kaping kalih, selawat serta salam Allahumma sholli ala Muhammad, mugi-mugi tetep kaaturaken dateng gusti Kanjeng Nabi Muhammad saw.

Mugi-mugi, kito angsal syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah mbesok.

 

Contoh Pembukaan Pidato Bahasa Jawa 2

Dumateng poro ulama' lan poro kiyai,

Poro bapak lan poro bu nyai,

Poro undangan walimatul ursy ingkang kawulo tresnani,

Sederek sedoyo mas-mas, lan mbak-mbak pengantar kemanten ingkang nembe dugi,

Sedoyo wau ingkan tansah kawulo hormati.

Sakderenge kawulo matur punopo ingkang bade kawulo aturaken, monggo sami muji syukur dumateng Gusti Pangeran kang Moho Mulyo.

Ingkang kanti rohmatipun meniko kito saget karoyo-royo nyempataken wekdal ninggal griyo, kanti niat giring prawan lan joko, ingkang sampun sah nembe kemawon dipun dikahno.

Sah menggahe hukum agomo lan tatanan negoro. Mugio kemanten kekaleh puniko, dipun paringi ridlo, dipun bundeli kanti ikatan tresno, mulai dadi garwo ngantos yuswo sami tuwo, ngantos gadah putro gadah putu tigang ndoso.

Kaping kaleh, mugio selawat soho salam ugio tetep kaunjuk lan kaaturaken dateng Nabi akhiruzzaman, ingkang dados panutan medalaken saking kesesatan nuju jalan kebeneran lan keselametan, inggih puniko Nabi Muhammad saw.

3 dari 4 halaman

Contoh Pembukaan Pidato Bahasa Jawa

Contoh Pembukaan Pidato Bahasa Jawa  3

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu 'ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina wa'ala aalihi wa askhaabihi ajma'in.

Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba'dah.

Allohumma sholi'ala mukhammad, wa'ala ali mukhammad, amma ba’du.

Para ulama, sesepuh, pinisepuh, lan poro hadirin sedoyo ingkang kawul hormati.

Sumangga langkung rumiyen tansah ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Allah Swt. ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kita sedaya sahingga kula panjenengan sami saged lenggah makempal, manunggal ngrawuhi menapa ingkan dados undanganipun Romo Diharjo sakaluwarga wonten menika papan kanthi wilujeng tanpa satunggal alangan menapa.

Selawat saha salam mugi tansah katetepna dumateng nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw., para kaluwarga, sahabat, saha pengikutipun mugi sumrambah dumatheng kula panjenengan sedaya. Aamiin.

 

Contoh Pembukaan Pidato Bahasa Jawa  4

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Bapak Kepala Sekolah ingkang kula kurmati.

Bapak utawi ibu guru saha karyawan sedaya ingkang kinurmatan.

Rencang-rencang ingkang kula tresnani lan kula banggaaken.

Mangga kito panjataken syukur dalemipun gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit ing wekdal menika kito tasih diparingi pinaringan sehat sehinggo ing dalem punika saged makempal kanthi pinaringan sehat walafiat.

Lajeng, selawat serta salam Allahumma sholli ala muhammad, mugi-mugi tetep kaaturaken dateng gusti Kanjeng Nabi Muhammad saw.

 

Contoh Pembukaan Pidato Bahasa Jawa  5

Dumateng poro alim ulama', poro kiyai, lan poro sesepuh ingkang tansah beto ing kaweruh.

Poro bapak-bapak, hadirin sedoto tamu undangan ingkan tansah kawulo hormati.

Sepindah, sumonggo kito sedoyo tansah muji syukur dumateng ngersane Gusti Allah kang moho luhur Rabbi ghoniyyun syakur, deneng punopo kawulo panjenengan tasek pinaringan pinten-pinten rohmat, taufiq, hidayah, soho inayah sehinggo kito sedoyo saget rawuh wonten meriki panggenan kanti sehat wal'afiyat tanpo kirang punopo.

Kaping kaleh, selawat salam Allahumma sholli ala muhammad mugi-mugi tetep kaaturaken dateng gusti kanjeng Nabi Muhammad saw.

Kanti arep-arepan mugio kito angsal syafaatipun wonten mbesok ing yaumil qiyamah.

4 dari 4 halaman

Contoh Pembukaan Pidato Bahasa Jawa

Contoh Pembukaan Pidato Bahasa Jawa 6

Assalamu'alaikum warrahmatulahi wabarakatuh.

Para bapak saha para ibu ingkang kawula khurmati. Sumangga kita sesarengan ngunjukaken raos sokur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Wikan.

Awit namung saking Kuwasanipun Gusti Ingkang Maha Suci, kita saged nyawiji raos ing papan ngriki tanpa kekirangan ugi tanpa pepalang ingkang wigati.

Selawat ugi salam a tansah konjuk dhumateng Nabi Agung, Kanjeng Nabi Muhammad saw., ingkang sapangatipun tansah kita antu-antu wonten dinten pungkasan mangke.

 

Contoh Pembukaan Pidato Bahasa Jawa 7

Dhumateng para alim ulama', para kiyai, lan para sesepuh ingkang tansah kebak klawan kawruh.

Para bapak-bapak, hadirin sedaya tamu undangan ingkan tansah kawula khurmati.

Sepindah, sumangga kita sedaya tansah muji syukur dhumateng ngersane Gusti Allah Kang Maha Wikan ghoniyyun syakur, deneng punapa kawula panjenengan tasek pinaringan pinten-pinten rohmat, taufiq, hidayah, saha inayah saengga kita sedaya saged rawuh wonten meriki panggenan kanti bagas waras tanpa kirang setunggal punapa.

Kaping kaleh, selawat salam Allahumma sholli ala muhammad mugi-mugi tetep kaaturaken dateng gusti kanjeng Nabi Muhammad saw. Kanti arep-arepan mugia kita angsal sapangatipun benjing wonten ing yaumil qiyamah.

 

Sumber: artikel.rumah123, Kampoengilmu

Dapatkan artikel contoh berbagai tema lain dengan mengeklik tautan ini.

Video Populer

Foto Populer