Sukses


5 Pidato Bahasa Jawa Pendek Berbagai Tema

Bola.com, Jakarta - Pidato dalam bahasa Jawa disebut sebagai "sesorah" atau "medhar sabda". Kegiatan pidato bahasa Jawa adalah mengungkapkan gagasan, pendapat, atau bisikan hati melalui sarana lisan di depan orang banyak.

Pidato bahasa Jawa sering digunakan dalam berbagai acara, seperti peringatan hari besar, acara keagamaan, atau acara adat.

Dalam pidato bahasa Jawa, pembicara biasanya menggunakan bahasa yang sopan dan santun, serta memperhatikan struktur dan tata bahasa yang benar.

Pidato bahasa Jawa juga sering mengandung nilai-nilai kearifan lokal dan nasihat, motivasi, atau ajakan yang bijak kepada pendengar untuk melakukan sesuatu.

Ada berbagai tema yang bisa diangkat dalam pidato bahasa Jawa.

Jika kamu ingin membuat pidato bahasa Jawa, tetapi memiliki kendala, bisa menyimak beberapa contohnya di bawah ini.

Berikut lima pidato bahasa Jawa pendek berbagai tema yang bisa jadi referensi, Kamis (15/2/2024).

2 dari 6 halaman

Budi Pekerti

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Pinawengi,

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu SMP Pinawengi,

Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP Pinawengi,

Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun dhumateng Allah Swt. saengga wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing papan menika tanpa alangan.

Selawat lan salam mboten kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita Nabi Agung Muhammad saw.

Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, keparenga kula, Amalia, ing wekdal menika ngaturaken sekedhik irah-irah babagan budi pekerti tumrap kita sedaya konjuk nguri-uri budaya Jawi wiwit ngalaksanakaken unggah ungguh utawi budi pekerti kanthi sae saestu supados urip bakal ayem, tentrem, saha bagya.

Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, unggah ungguh ing wekdal menika sejatosipun sampun mrihatinaken. Mila, kita kedah sami-sami sinau babagan unggah ungguh tumrap tiyang sepuh, sesepuh, saha saking Bapak Ibu guru.

Cekap semanten atur saking kula. Menawi kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

3 dari 6 halaman

Kesehatan

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu guru ingkang satuhu luhuring budi. Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.

Selawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir, kanthi ucapan "Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina Muhammad".

Kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. Karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. Njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.

Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman.

Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, lan numindakaken piket kelas kanthi teratur.

Cekap semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

4 dari 6 halaman

Perpisahan Sekolah

Assalamualaikum Wr. Wb.

Dhumateng para Bapak/Ibu Kepala Sekolah, saha Bapak/Ibu guru ingkang kula hormati,

Kaliyan rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Monggo kito panjataken dalemipun Gusti Allah ingkang Mahaagung. Awit ing wekdal menika kita taksih diparingi pinaringan sehat sahinggo ing dalem punika kita saged makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.

Kula minangka wakil saking kelas 6 agungin panuwun tanpa umpami kagem bapak lan ibu guru sedaya. Ahmad jaya katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan rencang-rencang saengga kula lan konco-konco saged ngrampungaken kewajiban wonten ing pawitan menika.

Kula kaliyan konco-konco namung saged memuji, supados sedaya amal lan kesaenan bapak lan ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Mahakuasa. Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya.

Mboten kasupen kulo kalian rencang-rencang nyuwun pangapunten. Meniko pernah asring kagem bapak ibu guru saiki bapak ibu guru duka lan kuciwa. Alat saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan Bapak Ibu guru sedaya.

Dumateng bapak utawi ibu guru serta adi-adi sedaya, sapisan malih kula ndedonga kagem gusti ingkang pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah.

Wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken, menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.

Wassamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

5 dari 6 halaman

Narkoba

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Puji saha syukur kita panjataken dumateng Allah Swt. ingkang sampun daya rahmat lan hidayah ipin kagem kita sedaya sahinggo kita sedaya saged makempal wonten ing papan punika kanthi keadaan sehat wal afiat.

Kenapa sarto salam mugi katetepna dumateng Nabi Muhammad sholallahu alaihi wassalam, lan sedaya matipun dumugi akhir zaman samangki. Aamin.

Bapak ibu serta kaca-kanca ingkang kinurmatan,

Wonten ing mriki kula badhe matur irah-irahan bahaya dipunagem narkoba serta obat-obatan ingkang dipun larang. Kito sedoyo sampun keterangan barito ing pawartos TV sok sinten ingkang ginakaken narkoba bagi dingin bahayanipun narkoba kolo wau. Sawipun badhe ngrisak badan, kasehatan lan pikiran boten saged dicekek lan sanes-sanesipun gangguan liane.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tingali saking kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kita sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menika gampil kenging penyakit.

Awit meniko kulo ngajak dumateng para warga masyarakat supados ojo pisan-pisan nggunakake narkoba lan obat-obatan terlarang. Monggo kita sedaya gunakaken wekdal sae kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga sepak bola lan sak panunggalane.

Bapak lan ibu kanca-kanca ingkang kinurmatan kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken menika,

Kulo ngajak monggo kito tansah njaga badan kito ampun ngantos nggunakaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umat ipun ingkang becik.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

6 dari 6 halaman

Ulang Tahun

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Para Tamu,

Ingkang kula tresnani rencang-rencang ingkang sampung rawuh,

Saderengipun kula ngaturaken sesorah kagem mengeti dinten miyosipun Bu Eni, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, Allah Swt. awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing papan menika kita sedaya saged sesarengan makempal kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.

Kula ugi ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan menika. Pengetan dinten miyosipun Bu Eni

Sampun kita mangertosi Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April ing Jepara taun 1879.

Pramila saben tanggal 21 April kita pangeti dinten miyosipun Raden Ajeng Kartini lan perjuanganipun ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita ngantos saged sami kaliyan drajating priya.

Para wanita Indonesia tansah wonten ing pingitan ing jaman rumiyin, saengga mboten dipun keparengaken sekolah, mboten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya.

Kita saged mirsani samenika para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya, saged makarya lan saged nerusake pendidikan.

Sampun kathah wanita ingkang gadhah amanah ing jabatan penting, contonipun dados pemimpin.

Menawi para priya saged sinau ing pawitan luhur, wanita kedah dipun parengaken supados mboten naming ing pawon.

Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami nyengkuyung pangetan dinten Kartini.

Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

 

Yuk, baca artikel edukasi lainnya dengan mengeklik tautan ini.

Video Populer

Foto Populer