Sukses


5 Contoh Pidato Bahasa Jawa untuk Perpisahan Sekolah yang Bisa Jadi Referensi

Bola.com, Jakarta - Perpisahan merupakan momen yang tak terelakkan dan tak bisa dihindari dalam kehidupan setiap individu.

Momen perpisahan sering menuai beragam emosi yang campur aduk, dari kehilangan, kesedihan, kekhawatiran, hingga berbagai kenangan indah yang telah tercipta selama ini.

Perpisahan bisa terjadi dalam berbagai situasi, dan satu di antaranya perpisahan sekolah.

Namun, perpisahan sekolah bukanlah akhir dari segalanya. Melalui perpisahan sekolah, kita bisa belajar untuk melepaskan dan memulai yang baru.

Mari kita hadapi perpisahan sekolah dengan kepala tegak dan hati yang lapang. Nah, untuk memaknai momen ini, tidak sedikit orang mengekspresikannya lewat pidato.

Bahkan, sebagian dari mereka membuat pidato tentang perpisahan sekolah menggunakan bahawa Jawa agar terlihat berkesan.

Berikut lima contoh pidato bahasa Jawa tentang perpisahan sekolah yang bisa jadi referensi, Selasa (23/4/2024).

Yuk gabung channel whatsapp Bola.com untuk mendapatkan berita-berita terbaru tentang Timnas Indonesia, BRI Liga 1, Liga Champions, Liga Inggris, Liga Italia, Liga Spanyol, bola voli, MotoGP, hingga bulutangkis. Klik di sini (JOIN)

2 dari 6 halaman

Contoh Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa (1)

Assalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh.

Puji syukur tansah kita konjukaken dhumateng ngarsanipun Allah Swt. ingkang sampun paring kanugrahan ugi kasantosan dhumateng kita sedaya, saengga ing dinten punika kita sedaya saged nyawiji raos wonten ing acara pelepasan saha perpisahan siswa kelas 9 SMP.

Mboten kesupen kita aturaken selawat saha salam dumateng Rasulullah saw. mugi-mugi sapangatipun dhumateng kita wonten ing dinten akhir.

Bapak Kepala Sekolah saha Bapak/Ibu Guru SMPN 1 Ngunut miwah para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, keparenga kula minangka wakilipun siswa kelas 9 ngaturaken sesorah ing kalodhangan menika.

Boten kraos lampahe wektu wis cepet sanget. Kala wingi rasane aku taksih mlebet kelas 7, bisa tepungan klawan kanca anyar, guyon-guyon, guyu-guyu, tepang klawan Bapak-Ibu Guru ingkang boten nate ngraos bosen anggone ndhidhik sarta mulang.

Sepisan mlebet ing sekolah ngriki, mesthinipun nate ndadosaken Bapak lan Ibu Guru bingung pripun carane ndidikit kita supados dados bocah ingkang mandiri sarta saged ngabekti dhumateng tiyang sepuh, agami, bangsa ugi nagara.

Kula minangka sesulihipun saking kanca-kanca kelas 9 badhe ngaturaken raos matur nuwun ingkang tanpa upami kagem para bapak lan ibu guru.

Awit saking sedaya perjuanganipun lan kaekhlasanipun para bapak lan ibu guru ingkang mucal ing sekolahan ngriki, saged dados lantaran anggen kula sakanca pikantuk biji ingkang sae ing Ujian Nasional.

Salajenge kula lan kanca-kanca ugi nyuwun pangapunten menawi sadangunipun sinau wonten ing SMP ngriki kagungan kathah kalepatan, mboten jarang malah ndamel mangkel manahipun para guru.

Kagem kanca-kanca ingkang sampun lulus, sumangga kita nglajengaken pasinaon dhateng SMA utawi sederajat supados saged mujudaken gegayuhanipun.

Ingkang pungkasan kula nyuwun donga pangestu saking Bapak Kepala Sekolah, Bapak saha Ibu Guru, supados kaliyan kanca-kanca sapurnanipun saking pawiyatan ngriki bakal saged njaga arum sekolah ingkang bakal kaukir ing jiwa raga kula salaminya.

Ingkang pungkasan kula nyuwun agunge pangaksami menawi wonten tembung sarta tumindak kula ingkang kirang mranani dhumateng manahipun panjenengan sedaya, wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh.

3 dari 6 halaman

Contoh Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa (2)

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Mahaasih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Mahaagung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten. Wassalamualaikum Wr. Wb.

4 dari 6 halaman

Contoh Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa (3)

Sugeng Siang, Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan.

Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani,

Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti Ingkang Mahaasih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten Aula SD Negeri Bawen 04 kanthi becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.           

Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten.

Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saget nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken gegayuhan ingkang luhur.

Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SD Negeri Bawen 04, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD Negeri Bawen 04. Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Mahawasis.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.

5 dari 6 halaman

Contoh Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa (4)

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmaten Bapak/Ibu kepala sekolah ugi Bapak Ibu guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kaleh ingkang kula krisnani.

Mangga ngaturaken puji syukur dhumateng gusti Allah Swt. ingkang sampun maringi nikmat lan kewarasan saenggo kita saged kempal wonten acara perpisahan sak menika.

Kula ngaturaken matur nuwun saageng-agengipun kagem Bapak Ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula saha rencang-rencang dateng pawiyatan mriki menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kula ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawitan mriki. Wonten ing adicara perpisahan menika, kula nyuwun agengipun pangapunten sangking Bapak Ibu guru wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten mriki menawi gadhah kalepatan. Mugi-mugi Bapak Ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kelepatan kula.

Sampun cekap anggenipun kula matur, menawi wonten kelepatan, kula nyuwun agenggipun pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

6 dari 6 halaman

Contoh Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa (5)

Assalamualaikum Wr. Wb.

Dhumateng Bapak kepala sekolah, Bapak-Ibu guru, lan rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Monggo sareng-sareng njunjungake puja lan puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi berkah lan karunia, supados kita sedaya saged makempal ing papan menika.

Kula aturaken matur nuwun kaliyan Bapak lan Ibu guru ingkang sampun maringaken wekdal supados ngerawuhi acara menika.

Dhumateng ingkang kulo tresnani

Kula minangka wakilipun kelas 9 badhe ngaturaken agunging panuwun, amargi Bapak lan Ibu guru saking katresnan anggenipun nggulawentah dumatheng kula sakanca ngangsu kawruh ing sekolah menika, ingkang hasilipun kula sakanca lulus 100 persen.

Kula sakanca ugi nyuwun pandonganipun, mugi-mugi kula sakanca ketampi wonten ing sekolah ingkang sae, ingkang kula sakanca idam-idamaken.

Ing pungkasanipun, kula sakanca nyuwun agunging samudra pangaksami mbok bilih wonten atur kula sakanca utawi tindak tanduk ingkang mboten sae. Kula sakanca nyuwun pamit, dinten menika badhe nilaraken sekolah ingkang kula sakanca tresnani.

Mugi-mugi sekolah menika tetep majeng prestasi nipun.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun, kulo nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

 

Dapatkan artikel contoh berbagai tema lain dengan mengeklik tautan ini.

Video Populer

Foto Populer