Sukses


5 Contoh Puisi Bahasa Jawa tentang Cinta, Cocok Disampaikan ke Pasangan

Bola.com, Jakarta - Mempersembahkan puisi cinta merupakan satu di antara cara yang bisa dilakukan untuk mengekspresikan rasa cinta kepada sang pujaan hati.

Lewat ungkapan puisi cinta, hati pasanganmu akan luluh, sehingga membuatnya merasa sangat dicintai dan dihargai.

Kamu bisa menyajikan puisi cinta dalam bahasa daerah, seperti bahasa Jawa. Apakah kamu tertarik menyampaikan puisi cinta dalam bahasa Jawa kepada sang pujaan hati?

Jika kamu ingin mengekspresikan perasaan cintamu ke pasangan lewat puisi cinta bahasa Jawa, tapi kesulitan dalam merangkai kata-katanya jangan khawatir.

Kamu bisa mencermati beberapa rekomendasi contoh puisi bahasa Jawa tentang cinta pada artikel ini hingga selesai.

Berikut lima contoh puisi bahasa Jawa tentang cinta yang cocok disampaikan ke pasanganmu, dikutip dari laman Lezgetreal dan Geguritantgr, Jumat (6/10/2023).

Yuk gabung channel whatsapp Bola.com untuk mendapatkan berita-berita terbaru tentang Timnas Indonesia, BRI Liga 1, Liga Champions, Liga Inggris, Liga Italia, Liga Spanyol, bola voli, MotoGP, hingga bulutangkis. Klik di sini (JOIN)

2 dari 6 halaman

Jodohe Kulo

Apa kowe slirane sik tak tresnani

Sliramu sing tak ngerteni saklawase

Apa bener sliramu

Sliramu kang arep jaga marang aku saklawase

Apa bener sliramu

 

Sliramu kang bakal nuntun ono ing perkara becik

Apa bener sliramu

Sliramu sik bakal melu aku bebungah kaliyan rekasaku

Apa bener sliramu

Sliramu kang bakal dadi konco uripku

 

Apa bener sliramu

Ya Allah Kang Maha Agung

Kulo nyuwun pitedhah

Nopo leres yen niko jodohe kulo.

3 dari 6 halaman

Aku Duwekmu Wingi Iki

Lumakuku kaya ngawang

Ngawang-ngawang nggayuh lintang

Mecaki dalan kasusahan

Apa sejatine?

Kang ngganjeln ing njero manahmu?

 

Tegese luh kang tumetes ing pipimu

Nglebur nyawiji ing swasana

Kang sejatine durung bisa ngawe aku lan sliramu

Mesem bebarengan

Crita marang aku

 

Senajan ora mesti bisa mungkasi

Lilakna aku andu dunyomu

Kang kebak dening kaendahan

Sing durung kasunyatan

Aku duwekmu wengi iki

 

Iki ragaku

Iki sukmamu

Aku lila disiksa

Nganti ora ana sisa.

4 dari 6 halaman

Gedhe Rasa Tresna

Pangangen ati bakal tak turuti

Sepiro adohe bakal tak parani

Sepiro angele bakal tak goleki

Amargo gedene roso tresno iki

 

Iki pangucap seko jerone ati

Dadi janji suci dudu janji lathi

Aku ora bakal ngapusi

Entenono tekone awak ku iki

 

Tresno ku marang slira mu

Tresno nyoto dudu tresno reko-reko

Tresno tuwuh seko jerone dodo

Tak suwun bukaken ati mu

 

Gede roso pangarep ku

Biso nyanding slira mu

Urip bebarengan selawase

Mung pati sing biso misahake.

5 dari 6 halaman

Tresnaku-Tresnamu

Antara nyata lan mimpi

Sliramu nyunggi marang katresnan

Panggah kang ora owah ing jroning dhadha

Angenku kang larak ing pangumbaran

Telung puluh telu warsa kang kepungkur

 

Rasa tentrem ing astamu

Adhem nyawang sorote sliramu

Aku kasmaran marang sliramu

Ono wektu kang jumangkah mlaku

Tresnaku-tresnamu malih dadi rangu

 

Kang kelindhes ono wektu

Kang adoh lumayu

Anggonku tangeh lan bakal ngluru

Tresnaku-tresnamu ono ing wektu

Lawase marang paprentahan Orde Baru

 

Iku kabeh wis kukut

Senajan ora bisa nyawiji

Ananging tresna kang suci lan aji iki

Tresna ingkang sejati

Nganti tumekeng ono ing janji.

6 dari 6 halaman

Tandha Saking Katresnan Ku

Wiwit kok saking tulisake tresna iku

Manuk-manuk kang pada geguyonan

Ono ing pang-pang godhong waru

Godhong kang ijo enom lelagone ing langit biru

 

Srengenge kang mlethek ing ati sumunar

Kang guna mretakake langit ora bakal kemendungan

Wiwit kok kandhakake tresna iku

Ono kali ndak liwate kintirake prau godhong pring

 

Bisa lelayaran ono segaraning atimu

Anggone pepayon langit ono ing pucuking alun

Banjur iku tak tunggu tekane nggawa warta

Wiwit kok ngenei tresna iku

 

Apa aku kudu mlaku sak dhuwure langit lan segara

Kok njupuk kembang marang srengenge kang mlethek

Banjur kowe slempitake ono ing kupingmu

Kang kareben nambahi ana ing batin ati iki

 

Ono ing sanjerone ati iki

Kirane kowe kang bisa mangerteni

Liwat ing angin kang sumilir

Sak dhawaning laku lan sepine tak ceritakake

Yen samengko kang bakal nyawiji.

 

Sumber: Lezgetreal, Geguritantgr

Dapatkan artikel contoh berbagai tema lain dengan mengeklik tautan ini.

Serunya Lari di Maybank Marathon

Video Populer

Foto Populer