Sukses


Kumpulan Contoh Geguritan Puisi Bahasa Jawa

Bola.com, Jakarta - Geguritan merupakan sebuah puisi dalam bahasa Jawa yang berkembang luas di berbagai daerah dengan mayoritas masyarakatnya menuturkan bahasa Jawa sebagai percakapan sehari-hari.

Membuat geguritan merupakan satu di antara banyak cara orang Jawa untuk berkesenian. Geguritan juga merupakan seni tradisional yang harus selalu dilestarikan.

Seperti puisi pada umumnya, geguritan mengandung kata-kata yang puitis dan terkesan mendayu-dayu jika dibacakan dengan nada dan intonasi yang tepat.

Geguritan sudah ada semenjak Indonesia belum merdeka dan masih berbentuk kerajaan-kerajaan. Geguritan biasanya merupakan karya para pujangga untuk menyindir para raja atau kolonialis yang ketika itu sedang berkuasa.

Tidak banyak orang yang dapat membuat geguritan pada masa awal munculnya puisi Jawa ini. Hanya para pujangga kerajaan yang biasanya dapat membuatnya.

Namun, seiring berjalannya waktu, banyak orang yang saat ini dapat membuat puisi berbahasa Jawa, berdasarkan ketertarikan atau keinginan melestarikannya.

Puisi bahasa Jawa ini sering dibacakan dalam pementasan atau acara-acara sekolah serta pada hari-hari nasional, seperti Hari Kemerdekaan pada 17 Agustus.

Jika kamu sedang mencari referensi geguritan atau puisi bahasa Jawa, berikut kumpulan contoh geguritan puisi bahasa Jawa, seperti dirangkum dari RomaDecade dan Padukata, Rabu (7/10/2020).

Yuk gabung channel whatsapp Bola.com untuk mendapatkan berita-berita terbaru tentang Timnas Indonesia, BRI Liga 1, Liga Champions, Liga Inggris, Liga Italia, Liga Spanyol, bola voli, MotoGP, hingga bulutangkis. Klik di sini (JOIN)

2 dari 4 halaman

Puisi Bahasa Jawa

1. Sekolahku

Sekolahanku…

Panggonan anggonku golek ilmu

Sekolahanku…

Diwulang dening Bapak-Ibu guru

 

Sekolahanku…

Sinau, maca buku

Ing panggonan iki

Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti

 

Ing panggonan iki

Aku diajari marang kanca aja srei

Diparingi PR kanggo gladhen

Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan

 

Aku percaya…

Sanajan abot kudu dilakoni

Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi

Kareben ngesuk dadi wong kang ajimiguna tumprap bangsa lan nagari

 

2. Arti Tekamu

Ing petenge arah lan langkahku iki

Panjenengan dados srengenge kangge uripku

Menehi sumunar cahya kanggo kabeh pengarepan

Panjenengan madhangi lurung-lurung kang buntu

Liwat sorotan cahya kang metu saka swara lan tuturmu

 

Ing kelas kang ayem tentrem iki

Aku nangkep artine panguripan

Mung marang panjenengan gegayuhan dipun taruhaken

Lan marang panjenengan pengarep kang luwih becik

Panjenengan Kang nemtokake nasib bangsa Paduka

Boten mokal kagem panjenengan

Mujudake generasi emas bangsa kang gemebyar ing pepeteng

 

Saben dina panjenengan nindakake kagiyatan mulya iki

Rasa sabar uga rasa ikhlas ndampingi saben dina

Sakabehe ing donya ora bisa mbales jasamu

Yaiku jasamu kang iso nggawe bintang ing pepeteng

Kita ora bisa ngganti jasamu karo opo bae

Nanging, kita bakal nggawe panjenengan bangga

Jasamu bakal kita pangeti sajrone uripku

Bakal kita pengeti ing sajroning ati

Lan ora bakal lebur dening puteran wektu

 

Matur nuwun sanget, guru ingkang kula tresnani

Tanpa panjenengan bakal peteng ……

lan amarga panjenengan urip dadi migunani

3 dari 4 halaman

Puisi Bahasa Jawa

3. Pahlawan Kamardikan

Pahlawan, kang dadi dalan kamardikan

Awak kang ora wedi marang kematian

Nglelakke nyowomu dadi pondasine kebebasan

Kanggo bebaske rakyat saking penindasan

 

Pahlawan, kang awan bengi lawan maut

Ngalawan musuh-musuh kang semrawut

Marang kabeh lawan kowe ngajak gelut

Ra mikirke awakmu pada benjut

 

Pahlawan, semangatmu wes koyo geni

Kang ngobong kabeh pasukan kompeni

Ingkang kanggo njaga Negara kang ditresnani

Indonesia kang merdeka, Indonesia kang kita hormati

 

Ing tanggal pitulas Agustus taun papat lima

Kang diimpike dadi nyata

Indonesia saiki wes merdeka

Pahlawan, ingkang perjuangane tanpo sia-sia

Iki kabeh mergo perjuanganmu

Yaiku para pahlawanku

 

4. Layang Njero Laci

Esemmu kang tansah tak simpen

Tansah ono ing telenging ati

Masio mung dadi angen-angen

Wis telung windu tresna iki lumaku

Gawang ing wewayangan iku

Kang tansah jejogetan ing manik mata

Iki cerita kang tumrap aku lan sliramu

Kang ono ing meja mburi jendela

Kangmas…

 

Apa panjenengan magertos lan priso

Yen ana layang sak lembar keri ono laci

Ing meja pojok mburi jendela

Ingkang ora nate kawaos nganti purna

Ono ing meja pojok mburi ngisor jendela

Nyimpen tulisan kang ana layang durung kawaca

 

Sak suwek kang isi lembaran cinta

Sak larik isi tulisan kang durung cetha

Saking rasa kang ngumbara

Ingkang tekan seprene aku ora ngerti

Apa arti ukara lan rasa tresna

Layang njero laci

Yaiku cerita kang keri lan dadi memori

 

5. Kaya Alang-alang

Aku ora tanduran kang edi lan peni

Uga ora kembang kang arum

Kepara dadi musuhe kadang tani

Opo maneh pengarep-arep tinandur ono ing tamansari

 

Aku, cinipta mung dadi alang-alang

Kang tumungkul ono sela-selaning bumi

Aku ngrumangsani

Yen saderma alang-alang

Ingkang ngebaki sesawangan

Tanpa ana daya lan guna

 

Aku mung tanduran ono pinggir dalan

Kang ora gampang tumpes lan pangrasaku

Urip kang landesan bekti marang Gusti

Lan gondelane marang ayat-ayat suci

Bedole marang oyot-oyot iku kang bisa dadi tamba

Godhong-godhong kang ditaleni kenceng dadi siji

Kang iso gawe nutup gubuk katresnan

Minangka dadi bekti marang agesang

4 dari 4 halaman

Puisi Bahasa Jawa

6. Reuni

Sawise lawas pisah

Ketemu wis padha dadi simbah

Rambut-rambut putih, pasuryan padha malih

Pethuk gapyuk rerangkulan nyuntak sakehing rasa kapang

Ati trenyuh mripat kekembeng luh

 

Wor suh karo rasa bungah

Guyu-guyu renyah kaya nalika isih bocah

Dhek biyen nate dadi sakukuban

Njur padha pisah dalan, nepusi lelakone sowang-sowang

 

Lungit angelangut, lam-lamen jaman kesaput pedhut

Nganti wancine srengenge dhoyong ngulon

Beja, dene isih bisa sapatemon

Dhuh Gusti ingkang Maha mirahnamung saged muji Syukur Alhamdulillah

Gene isih menangi kumpule balung pisah

 

7. Esuk Iki

Angin pancen sumilir ngrajut awak

Nanging mau bengi hawane nggodha angen

Kumepyur grimis ngruwis nggawa pengarep

Mengko udan ngadhemi bumi sing ngrantu

Woh, woh, medhot rasa gumawang

Lebu sing tumemplek lumahing godhong

Durung owah gambarane

 

Jago kluruk sesautan ora miyak cahya srengenge

Kaya padatan njalari donya iki tangi

Donya peteng ora kawiyak sunar padhang

Ing bang wetan ngranuhi sesawangan

 

Kepara saiki krasa kulit anyep

Kesiram angin playon nerak-nerak sak karepe

Isih binareng thathit gumerit nyigar keteg dhadha

Gordhin jendhela mobat-mabit sesalaman

 

Kleyang-kleyang godhong ing ngarepan

Mudal-mudal gumlethak ngebaki plataran

Godhong blimbing, jambu Bangkok, blimbing wuluh

Mosak-masik ing plataran ora kumanan kentekan semen

Got paving urunan warga gumlesah larahan pasar

 

Esuk iki kosok balen karo mau bengi

Panas sing sumeblak diwiyak angin adhem mabit

Njalari angin keplantrang miyaki jaman

Sing teka ora kinira miyak donya

Apa iki sasmita lumahing donya kurebing langit

Aweh panyendhu marang manungsa

Esuk lan sore singgeting dina rahina

Wengi nggarit ati miyaki leladi iku wis pinasthi

Aja ngowah-owahi lakuning lintang ing akasa

Iku luwih prayoga

 

8. Sing Ilang Yo Ben Ilang

Saumpama kowe ngerti isi atiku

Kowe ra bakalan ngilang

Kaya pedhut esok kang ilang kesaput srengenge

Kaya embun kang netes siya-siya ono lemah garing

Kang nambah netese eluh ing pipiku iki

Kabeh iku ora kena digetuni

Sebab anane jodho, pati lan rejeki

Kuwi wes digarisake marang Gusti

Sing ilang yo ben ilang

Sesok yo bakalan enthuk ganti kang luwih

Ingkang luwih becik luwih eman

Merga ra bakalan kok gayuh maneh

Wes cukup sakmene anggone riwayat

Kanggo saksine ana lelakone urip

Kowe lan aku kudu nrima lan legawa

Ikhlas kanthi nglakoni

Ora oleh misuh

Iki kabeh sing Kuasa anggone ngatur

 

Sumber: RomaDecade, Padukata

 

Yuk, baca juga artikel Jawa lainnya dengan mengeklik tautan ini.

Serunya Lari di Maybank Marathon

Video Populer

Foto Populer