Sukses


Lirik Lagu Sakit Rindu - Manthous

Berikut ini lirik lagu Sakit Rindu dari Manthous.

Bola.com, Jakarta - Luwih becik loro untu

Daripada sirahe ngelu

Sakit cinta, sakit rindu

Yen bengi ra biso turu

Yen awan ra doyan mangan

Amargo tansah kelingan

 

Betul kowe bener kandamu, cah ayu (halah tenane?)

Ora liyo mung sliramu (opo iyo?)

Rino wengi dadi impenku (halah…)

Wani sumpah opo njalukmu

Bocah ayu, jo ngguya-ngguyu

 

Lali anak, lali bojo

Lali wayah, lali petung

(thang thung theng thung)

Rasane wong lagi gandrung

Pilih mbacut opo pilih wurung

Yen wurung tak mlebu sarung (halah tenane? - Adem)

(Yen wurung tak trimo-trimo nggantung)

 

Malaria opo malarindu

Sedino koyo sewindu

Neng awak marakke kuru

Numpak dokar mlakune ngulon

Wong sabar mesti kelakon (2x)

 

Waduh bapak aduh biyung

Anakmu koyo wong gemblung

Kapan ndiko paring pitulung

Iwak cucut mlebu neng karung

Kebacut alias kadung

Ngentekke sawah, ngentekke kalung

(Tukune pitik, metune gunung)

 

Luwih becik loro untu

Daripada sirahe ngelu

Sakit cinta, sakit rindu

Yen bengi ra biso turu

Yen awan ra doyan mangan

Amargo tansah kelingan

 

Sumber: Kapanlagi.com

Video Populer

Foto Populer