Sukses


Contoh Pidato dalam Bahasa Jawa dalam Berbagai Tema

Bola.com, Jakarta - Pidato merupakan satu di antara bentuk kegiatan berbicara yang bukan hanya sekadar menyampaikan informasi, tetapi juga untuk mengungkapkan gagasan, prinsip, atau pendapat kepada para pendengar.

Bahasa Jawa adalah satu di antara dari bahasa daerah di Indonesia yang kaya akan kosakata unik dan memiliki makna yang dalam.

Penggunaan bahasa ini sebagai medium dalam pidato dapat mengungkapkan kekayaan, kearifan lokal, dan budaya tradisional Jawa.

Pidato dalam bahasa Jawa bukan hanya sekadar cara berbicara, tetapi juga membentuk pola pikir orang agar dapat memahami dan merasakan makna yang terkandung di dalamnya serta bagaimana cara menggunakan bahasa ini.

Jika kamu ingin membuat naskah pidato dalam bahasa Jawa, tetapi belum mengerti cara menyusunnya, kamu bisa menyimak beberapa contohnya di bawah ini.

Berikut contoh pidato dalam bahasa Jawa dalam berbagai tema, disadur dari Merdeka, Senin (8/1/2024).

2 dari 4 halaman

Contoh Pidato dalam Bahasa Jawa

1. Pidato tentang Pendidikan

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati, ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah Swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten Pendidikan Nasional, ingkang tepatipun tanggal kaping kalih saking wulan Mei taun 2017.

Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun.

Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal Nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane Nabi saw. ing dalem hadis riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun:

Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Lan kelawan ngengeti dinten Pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.

Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah Swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

3 dari 4 halaman

Contoh Pidato dalam Bahasa Jawa

2. Pidato tentang Kesehatan

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.

Bapak, Ibu guru ingkang satuhu luhuring budi.

Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.

Selawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir, kanthi ucapan "Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina Muhammad".

Kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. Karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. Njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.

Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman.

Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.

Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

4 dari 4 halaman

Contoh Pidato dalam Bahasa Jawa

3. Pidato tentang Kebersihan Sekolah

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatu,

Dumateng bapak kepala sekolah,

Dumateng bapak kaliyan ibu guru,

Dhumateng sedaya kanca ingkang kula tresnani.

Hadirin ingkang kulo tresnani lan kula hurmati,

Monggo kita bebarengan majukaken puja lan puji syukur dumateng Gusti Allah Swt. amargi sampun pinaringan berkah lan karunia dumateng kita sedaya saengga kita sedaya pinaringan makempal kanthi sehat lan afiat.

Hadirin ingkang kulo hormati,

Kaping sepindhah kita sedaya perlu bahan utawi panggenan. Amargi lingkungan utawi panggenan menika papan kangge nggantungaken urip umat manungsa sedaya. Amargi menika kita sedaya kedah njaga lingkungan sae-sae supados bumi keuntungan kagem kita sedaya.

Hadirin ingkang kula hormati,

Babakan kebersihan lingkungan yoiku salah sepindah cara kang apik kanthi kito sedoyo nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai rikala musim udan.

Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, umpami wonten klenta klentunipun kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

 

Disadur dari: Merdeka.com (Penulis: Tantiya Nimas Nuraini. Published: 5/9/2023)

Yuk, baca artikel contoh lainnya dengan mengeklik tautan ini.

Video Populer

Foto Populer