Sukses


5 Contoh Geguritan Bahasa Jawa Bertema Ibu yang Bisa Dicermati

Bola.com, Jakarta - Geguritan ialah satu di antara karya sastra Jawa yang memiliki kata atau kalimat yang indah dan memiliki banyak makna.

Geguritan juga bisa diartikan ciptaan sastra berbentuk syair yang biasanya dilagukan dengan tembang (pupuh) yang merdu.

Cara penyampaian geguritan menggunakan bahasa yang memiliki rima, irama, bait, mitra, dan penyusunan kata yang baik dan tepat.

Geguritan memiliki sifat anonim atau tanpa nama pengarang dan penulis. Hal ini disebabkan pada zamannya, seorang penulis tidak mau menonjolkan diri dan karyanya dianggap milik bersama.

Terlepas dari itu, tema yang bisa dijadikan geguritan cukup bervariasi, dan satu di antaranya tentang ibu.

Jika kamu penasaran seperti apa geguritan dengan tema ibu, bisa menyimak contoh-contohnya pada artikel ini.

Berikut ini lima contoh geguritan bahasa Jawa bertema ibu, yang bisa dipelajari, dikutip dari laman Yosefpedia dan Geguritantgr, Kamis (26/1/2023).

2 dari 6 halaman

Ibu

Tresna asih ibu

Ora ana kang bisa ngganteke

Kesabaran ibu kang kebak wutuh

Ora bisa daklaleke

 

Do'a ibu kang tulus

Tansah ngiringi awakku

Pengorbanane kang tanpa wates

Ora bisa winales

 

Ibu...

Pituturmu bakal dakrungu

Tresna asihmu marang aku

Ora bakal puput

Pandongaku ibu…

Muga Gusti tansah nyembadani

3 dari 6 halaman

Emak

Emak

Tresna asihku mak!

Ora ana kang bisa nggantekke

Kesabaranmu kang kebak wutuh

Pandongamu Mak!

Kang tulus tansah ngiring laluku

Pangorbananmu kang tanpa wates, ora bisa tak bales

Tresna lan welasmu marang aku ora bakal puput,

Pangapuramu yo mak! Pituturmu bakal tak rungu,

Pamujiku mak! Muga Gusti nyembadani,

Kagem ibu, sungkem kulo ingkang putro, pangapunten mbok bilih riyadin puniko mboten saget sowan mantuk

4 dari 6 halaman

Ibu, Jiwaku

Ibu...

Panjenengan sing tak sayangi,tak hormati lan tak patuhi

Tanpa panjenengan ora bakalan ana aku iki

Nang donya lan buwana iki

 

Ibu...

Panjenengan mergawe banteng tulang

Tanpa pamrih,tanpa kesel kanggo lare-laremu

Jasane panjenengan kaya keswa ora bisa diitung

 

Ibu....

Panjenengan enek terus kanggo aku

Tanpa rasa kesel lan rasa pamrih

Ngrungokake crita curhatanku

 

Ibu...

Kasihmu kanggo lare-laremu pindha lebuh

Tapi kasihku marang panjenengan ora bakalan iso

Amarga kasihku mung pindha gothek

 

Ibu...

Panjenengjan ora bakal tergantekake

Kanggo sak iki lan sakteruse

Panjenengan sak lawase enten ing pikiran lan ingatanku

 

Ibu...

Meski panjenengan sampun luput ing bawana

Asmane panjenengan tak inget lan tak ukir ning wardaya ku sak niki lan sak teruse

5 dari 6 halaman

Ibu, Pahlawanku

Tresna ibu ora kagantekake

Pangorbanan kang tanpa wates

Ora bisa winales.

 

Ibu… Pahlawan uripku

Donga ibu kang tulus lan suci ngiringi awakku

Pengorbanan tanpa pamrih, ora kepedhot

Kairing lakune wektu

Pitutur kang ngajari bektiku nyirnakake

Sedaya luput marang lakuku.

 

Tresna asihmu ora bakal puput

Ibu Pahlawanku, Donga pujiku kangge

 

Ibu…

Muga Gusti tansah paring kesehatan

Supados saged ngiringi laku suksesku…

6 dari 6 halaman

Pamit Ibu

Ibu...

Kulo nyuwun pamit

Pamit dateng kutho

Pados pangupo jiwo

 

Ibu...

Kulo nyuwun sangu

Sangu dongo sanes jopo montro

Ugo sanes sangu arto

 

Ibu...

Kulo nyuwun pangestu

Mugi mboten wonten godho rencono

Nyrimpeti lampah kulo

 

Ibu...

Kulo atur panuwun

Pangestu lan pandongo kulo tompo

Minongko kagem nggayuh kamulyan

 

Sumber: Yosefpedia, Geguritantgr

Dapatkan artikel contoh berbagai tema lain dengan mengeklik tautan ini.

Video Populer

Foto Populer